<data:blog. pageTitle/></ title><meta content='belajar berbicara bahasa jawa didepan orang banyak' name='description'/> <meta content='JAWAKU BAHASAKU,atur pambagyaharja puputan jabang bayi' name='keywords'/> <meta content='http://hudaalrhoma. blogspot.com' name='subject'/> <meta content=' contoh pidato memakai bahasa jawa' name='Abstract'/> <b:else/><b:if cond='data:blog. pageType == "item"'> <b:if cond='data:blog. pageType == "item"'> <title><data:blog. pageName/> | <data:blog.title/></ title> <b:else/> <title><data:blog. pageTitle/> <data:blog. pageTitle/></ title><meta expr:content='data: blog.pageName + "belajar berbicara bahasa jawa didepan orang banyak"' name='description'/> <meta expr:content='data: blog.pageName + "JAWAKU BAHASAKU,atur pambagyaharja puputan jabang bayi "' name='keywords'/> <meta expr:content='data: blog.pageName' name='subject'/> <meta expr:content='data: blog.pageName' name='Abstract'/> </b:if> </b:if> <title><data:blog. pageTitle/>

Minggu, 07 Juli 2013

ATUR PAMBAGYAHARJA PUPUTAN JABANG BAYI

Assalamu'alaikum Wr. Alkhamdulillahi robbil 'alamin,washholaatu wassa laama 'ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa'ala alihi wa askhaabihi ajma'iin. Asyhadu anlaa ilaaha illallohu wahdahu laa sarii-kalah, wa ashadu anna mukhammadan 'abduhu wa rosuulhu laa nabiya ba'dah. Allohumma sholli 'ala mukhammad, wa 'ala ali mukhammad, amma ba'du, fayaa ayyuhannas,ittaqullooh, I'lamu 'ibaadalloh, faqod fazal muttaquun , A'udzu billahi minasy syaithoonir rojiim, Bismillahirrohmaanir rohiim....

Nuwun!

Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten,para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen.

Para pangemban pangembating praja satriyaning negari,ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.

Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan.

Langkung rumiyin ngengeti kulo sedaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening gusti kang Maha Kuwasa,pramila sumangga angunjukaken puja puji syukur dhumateng panjenengan -Ipun ingkang sampun keparing ngrentahaken rahmat lan hidayah -Ipun wah malih kawilujengan saengga kula sedaya saged anjenengi ing ratri /dalu menika kanthi winantu ing suka basuki lumintua ing sak lami lami.amin.

Kanthi linambaran trapsila ing budi,miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama,mugi keparenga kula cumanthaka marak sowan anggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg wawan pangandikan, inggih awit awrat ngemban dhawuhipun kadang kula anem adhimas......,kula piniji minangka tetalanging atur, supadas angaturaken menggah wigatosing gati pepanggihan prasaja ing dalu menika.

Minangka purwakaning atur,ngambali atur sugeng rawuh,kairing agenging pinuwun ingkang tanpa upami,dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh saperlu paring panjurung tirakat ing dalu menika,mratandhani bilih semanten agenging raos sih katresnan panjenengan dhumateng adhimas.....sulawarga.

Ing salajengipun mugi kasekecakna lenggah pinarak ing wekdal menika,kanthi mardika lan gumbiraning wardaya, saperlu nglajengaken pawungon tirakat sakeparingipun.

wondene menggah wigatosing gati wonten kalodhangan pahargyan prasaja ing dalu menika,keparenga ngaturi uninga bilih rikala dinten......surya kaping.....wanci tabuh...wonten ing......kadang kula anem adhimas.....pinaringan tambah gadhuhan momongan mijil jalu/pawestri, ing dalu kalenggahan menika kaleres jangkep sepekenan /selapan dintenipun. Ibu dalah ponang jabang bayi kaparingan rahayu wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.wondene pun jabang bayi kapatedhan tetenger......ingkang menika dhumateng panjenengan para tamu, kaparenga paring tambahing donga pamuji,mugi mugi kadang anem adhimas.....sabrayat,tansah pinaringan rahmating Pangeran Hyang Widi saha pun jabang bayi ing akhir tembenipun dadosa lare ingkang utami utawi saleh,bekti dhateng pangeranipun menapa dene bekti dhateng tiyang sepuh kekalih,miwah piguna dhateng masyarakat minggahipun dateng nusa lan bangsa.amin.

Minangka pungkasaning atur. Mbokbilih wonten kuciwaning boja krami,anggen kula anampi menggah rawuh panjenengan sedaya,inggih ingkang mranata palenggahan,caos pasugatan,menapa dene para putra anggenipun atur leladi kirang mranani ing penggalih,mawantu wantu kadang kula anem adhimas.....nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Mekaten ugi kula pribadi minangka tetalanging basa,mbokbilih wonten keladuking patrap lan pangucap, tuna dungkaping parama sastra ingkang boten dadosaken sarjuning penggalih panjenengan sedaya, amung caos atur kupat duduhe santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten.


Akhirul kalam,bilahit taufiq wal hidayah. Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Label: , , , , , ,

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda